Ceritane Wahir tas olih rejeki, sawahe ditebas larang daning juragan Pakulaut. Prapatane nyandak patang juta. Modal nyawahe mung patang juta, nebasna satengah olih duit wolung juta, bati patang juta. Lumayanlah ana rejeki sapira sapira patut disyukuri jare Wahir.
Nah, kye Wahir apen apene plesir nang Pasipik Mall nang Tegal, jalan jalan... dingaren Ranyad ora dijak, mbuh lagi kenang apa donge....
Anjog konter henpon, Wahir terpesona ndeleng SPG hengpon ayu - ayu.....
Lah nyacak lah, bokan ana henpon sing murah, kena nggo pamer nang Ranyad...
Anjog konter henpon, Wahir terpesona ndeleng SPG hengpon ayu - ayu.....
Lah nyacak lah, bokan ana henpon sing murah, kena nggo pamer nang Ranyad...
WAHIR : Ipad kiye regane pira mba ?
SPG: limang juta kang...
SPG: limang juta kang...
Wahir : dih, larang yah.,.. kari Ipad 2 pirang yu regane ?
SPG: enem juta kang... pibe sidane sing endi ? takon takon bae...
Wahir cengar cengir...
WAHIR : kalem mba.. kayong gede kabeh, laka sing sedeng nang sak mba... Kari Galaxy tab 1 kae sih regane pira ?
SPG: 3 juta.
SPG: 3 juta.
WAHIR muilai gugup... duih daning larang larang yah.. bokan ana sing limangatus ewu..
Wahir : Mmm ... sing Galaxy 2?
SPG: kweta patang juta.. giyan owh kang.. nyong pan nglayani wong ,liya...
SPG: kweta patang juta.. giyan owh kang.. nyong pan nglayani wong ,liya...
WAHIR : Waaah daning larang larang yu,,,,, ana tablet sing murah meriah yu ?
SPG : Ana !!! Paramex keh nang sebrang gili... rongewu olih papat... gelem rika ?
Wakakka
Kisah ini terinspirasi dari : http://goo.gl/HuIfA9


No comments:
Post a Comment