Demikian sepenggal syair lagunya Beny Panbers. Ada tiga orang cacat yang sangat minder.Satu pece ( leknan/melek kanan, bungkuk dan semper ) Mereka jalan dimuka umum aja minder. Apalagi jalan di depan cewek. Padahal mereka ingin seperti yang lain.
Ranyad : " Hai...koen-koen lagi pada apa ngumpul ning dam kene?"
Semper : " Lagi merenungi nasib Kang Ranyad."
Ranyad : " Merenungi nasib kepriben...?"
Leknan : " Yah...kaya aku matane picek siji, pan naksir bocah wadon ya isin..."
Bungkuk : " Iya kang Ranyad... aku gigire bungkuk sing demen aku sapa .....?"
Ranyad : " Wislah aja pada gawe ati trenyuh..."
Semper : " Apakahku tak boleh mengenal cinta....?"
Ranyad : " Wis aja nembang kaya kuwe. Yuh pada nonton organ tunggal....!"
Leknan : " Lah.....rika tah belih ngrasakna genah aku cacat kaya kiye liwate isin oh...."
Bungkuk : " Mbokan dipoyoki wong Kang...."
Ranyad : " Wis saiki perjalanane tak atur aku, endah aja ketara...."
Semper : " Priben ya...ndelen?"
Ranyad : " Rungokna ! Koen sing bungkuk mlakune apen-apen karo nggaris."
Leknan : " Aku priben Kang..?"
Ranyad : " Koen matane ditutup siji apen-apene ngeker endah garise lempeng."
Semper : " Aku kepriben mlakune..?"
Ranyad : " Koen sing semper....apen-apene sikile mbusek garis sing ora lempeng."
Semper : " Iya wis.....cerdas jebulen rika Kang."
Ranyad : " Mulane dadi wong aja minderan. Hayuh mulai jalan...!"
Cerita ini dikutip dari http://goo.gl/4iBJH9
No comments:
Post a Comment